20 Tebak-Tebakan Tembang Pocung | Bapak Pucung

  Рет қаралды 13,036

Javanesia

Javanesia

Күн бұрын

PUPUH TEMBANG MACAPAT “BAPAK PUCUNG” LAN BATANGANE
Cangkriman Tembang Macapat
#macapat #batangan #tembangmacapat #pucung #tembangpucung #bapakpucung
Bapak pucung buntut dawa sirah gembung
Mbanterake swara
Lamunu rip nganggo listrik
Munggah panggung saben ana adicara
Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung
Manggonmu neng tangan
Jarum mlaku rino wengi
Ngembrug wektu si pucung kagunan guna
Bapak Pucung dudu watu dudu gunung
Sabane ing sebrang
Titihane sri Bupati
Yen lumaku si pucung lembehan grana
Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.
Badanira panjang.
Tutukira pan pesagi.
Dina- dina pocung nedha buntutira.
Bapak pocung isih enom klambi gadhung.
Yen wes rada tuwa.
Si pocung klambine kuning.
Tuwa pisan si pocung klambine abang.
Bapak pucung rodha papat bisa mbengung
Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha
Bapak pucung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip barengan
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Bapak pucung bunder-bunder saka pohung
Isi gula jawa
Dipangan sajak mirasa
Mung ing jawa panganan iki lang ana
Bapak pucung utrane bapa lan biyung
Nanging dudu kakang
Dudu mbakyu dudu adhi
Lan batangen bapak pucung iku sapa
Bapak pucung rupane amemba gunung
Tan ana kang tresna
Kabeh uwong mesthi sengit
Kang kanggonen den lus-elus tinangisan
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Pada dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucing dadi dahana
Bapak pucung Cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah guwaya
Bapak pucung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakani jalmi
Mbrenjul suku panjang gulu dawa
Bapak pucung maca nulis klawan ngetung
Digegem diasta
Kanggo matur klawan nguping
Saben-saben si pucung dhahare arta
Bapak pucung endi elor endi kidul
Laku tapa brata
Mung kepengin bisa malih
Dadi kupu si kupu wedharing tapa
Bapak pucung laire tinitah bisu
Lamun rinaketan
Pinarsudi den temeni
Mung sarana pinandeng wruh basanira
Namung tutuk lan netra kalih kadulu
Yen pinet kang karya
Sinuduk netrane kalih;
Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah
Bapak pucung Gedhe dhuwur sikil bumbung
Siyunge kang dawa
Kuping amba mripat cilik
Yen lumaku si pucung lembehan grana
Bonus:
Bapak pucung ana sura ana bajul
Nyata dadi kutha
Ibu kotane provinsi
Papan iki sinebut kutha pahlawan
Bapak pucung panggone ing wetan Panggul
Sakulone Kampak
Munjungan ngalor sethithik
Saka Trenggalek ngidul ngliwati alas
#jawabaya #sinau #nembang

Пікірлер: 3
@elysulistyawati2414
@elysulistyawati2414 6 ай бұрын
Wah sangat keren😊😊
@yuliamutiara7815
@yuliamutiara7815 6 ай бұрын
🎉
@muhammadyogaa.9097
@muhammadyogaa.9097 8 ай бұрын
Duh jadi kangen sama bapak Dulu waktu kecil tiap malem selalu dilantunin ini :')
Bapak Pucung (Tembang Macapat - Jawa Tengah)
5:36
Ayo Menyanyi
Рет қаралды 300 М.
CARANE GAWE TEMBANG MACAPAT | Sinau Basa Jawa
12:39
Javanesia
Рет қаралды 10 М.
Inside Out 2: Who is the strongest? Joy vs Envy vs Anger #shorts #animation
00:22
Пранк пошел не по плану…🥲
00:59
Саша Квашеная
Рет қаралды 7 МЛН
这是王子儿子吗
00:27
落魄的王子
Рет қаралды 20 МЛН
80 Year Olds Share Advice for Younger Self
12:22
Sprouht
Рет қаралды 1,8 МЛН
Origins of the City of Bandung | West Java Folklore | Archipelago Story
23:43
Gromore Studio Series
Рет қаралды 1,5 МЛН
TEMBANG MACAPAT PANGKUR LARAS PELOG PATHET NEM | Media Pembelajaran Tembang Macapat
2:53
The songs of life | Farzana Wahid Shayan | TEDxDhaka
27:08
TEDx Talks
Рет қаралды 573 М.
Sekar Macapat Pangkur Laras Pelog Nem - Serat Wedhatama
4:47
Tri Purwanti
Рет қаралды 51 М.