Рет қаралды 450
Kedadeyan kang dialami Teguh, salah siji tentara ing Zonzipur Karangkembang Babat nalika kontrak omah ing sacedhake asrama.
Wiwit manggon ing omah lawas kang dikontrak mau dheweke asring mrangguli kedadeyan kedadeyan nyalawadi kang nora klebu nalar. Lukisan Monalisa duweke sing kagungan omah aran Sadikun idhep-idhep bisa mobah kaya urip.
Ora mung iku, kedadeyan nyalawadi mau ambal-ambalan diprangguli dening prajurit kang nembe ngenggoni omah lawas saanak bojone.
Kepriye crita jangkepe, mangga dipirengake ing malem jumat iki. Matur nuwun katur sedulur Hadi Pamungkas kang wus damel video tuwin maos cermis kasebut. Nuwun.
(Nono Warnono/Suwarno)