Рет қаралды 12
geguritan
LAKON ACENG
Aku iki lelananging jagad, arjuna ngejawantah
Cah ayu aja mangu-mangu aku ngersakke sliramu
Enggal mrenea tak sediani rupa bagus lan dhuwit sak dhus
Nanging den prayitna aja nguciwani tingkah ndika iku
Ganjarane ya mung sms talak telu tumeka ana ing ngarepmu
Gagah pideksa rumangsane wis paling kuasa
Angumbar nepsu sinamur laku sok luhur
Rumangsane Gusti Allah bisa dikemonah
Umpamane njaluk ngapura mestine mulat sarira
Topeng dunya drajat mung nempel sakwetara
#sleman #puisijawa #geguritanjawa #nguringuribudayajawi #lakon #aceng