Jumenengan Nata - Kirab Dalem Ng.D.S.D.I.S.K Sultan Hamengkubuwono IX 18-19 Maret 1940

  Рет қаралды 1,575

Potret Wayangku

Potret Wayangku

Күн бұрын

Salam budaya, Potret Wayangku
Kemis pahing, 15 Sawal Taun Jimawal 1957
Kêpyakan Jumênêngan Nata Ng.D.S.D.I.S.K
Sultan Hamengkubuwono kaping IX ing Negari Ngayogyakarta Hadiningrat.
Jumenengan utawi Penobatan (Indonesia) utawi Petabalan (Melayu) inggih nalika Pangeran Adipati Anom utawi Putra Mahkota kajumengaken nata dados ratu.
Kêpyakan Jumenengan Nata ing dinten Senen Pon 8 Sapar taun Dal 1871 utawi 18 Maret 1940 masehi, nggih ing upacara wau G.R.M Darajatun kajumengaken Pangeran Adipati Anom jejuluk
" Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegara, Sudibya raja putra nalendra mataram " lajeng kajumengaken nata jejuluk
" Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono, Senopati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, kalifatulah ingkang Jumenengan kaping IX ing Negari Ngayogyakarta Hadiningrat ".
Jam 8 . 45 sedaya abdi dalem Prajurit sami sowan baris wonten Kemagangan.
Jam 9 enjing Pepatih Dalem Kangjeng Adipati Danureja sakancanipun sampun sami sowan wonten pasowanan piyambak2, Bregada Prajurit wau lajeng sami tata baris ing papanipun mangkih paring kurmat nalika rawuhipun Kangjeng Tuwan Gupernur sarta miyos lan kondur Ngarsa Dalem.
Wanci jam 1/2 10 para bendara pangeran sampun sami sowan wonten Srimanganti. Ajudan Dalem sowan jujug Tratag Prabayeksa ngampil agem dalem Bintang pusaka.
Wanci jam 10 Kangjeng Tuwan Gupernur sarta Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Suryadilaga lan Tuwan tuwan sanesipun sampun rawuh, ing pacikeran dipun tampi Pepatih Dalem sarta Kyai penghulu kadherekaken dateng Tarub agung kinurmatan ungelipun gending Monggang.
Kangjeng Tuwan Gupernur sarta Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Suryadilaga lajeng sowan mlebet Kedaton.
Lajeng Jengkar Dalem dateng Siti Hinggil lor, miyosipun kados adat, Songsong dalem tasih mingkup.
Sasampunipun lajeng sami tata kados adat.
• Jumenengan Pangeran Adipati Anom
Menawi sedaya sami tata sowan, T.Asisten residen ngaturi G.R.M Darajatun Jumeneng wonten tengah lajeng K.T Gupernur dhawuh Gewestelijk secretaris maos nawala kekancingan Kangjeng Tuwan Gupernemen suraosipun maringi panguwaos dumateng K.T Gupernur anjumenengaken G.R.M Darajatun, Jumenengan Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegara, Sudibya raja putra nalendra mataram ing Negari Ngayogyakarta Hadiningrat.
Lajeng T.Asisten residen ngaturi Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom lenggah ing palenggahan dalem Kangjeng Gusti.
• Jumenengan Nata
Sasampunipun lajeng T.asisten residen ngaturi Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Jumeneng wonten tengah, K.T Gupernur dhawuh Gewestelijk secretaris maos nawala kekancingan Kangjeng Tuwan Gupernemen suraosipun maringi panguwaos dumateng Tuwan Gupernur anjumenengaken Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamengkunegara, Sudibya raja putra nalendra mataram, Jumeneng Nata dados
" Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengkubuwono, Senopati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama, kalifatulah ingkang Jumenengan kaping IX ing Negari Ngayogyakarta Hadiningrat ".
Jumenengan Nata wau kahurmatan ungelipun gending Monggang tumunten drelipun prajurit 📯💥🥁 ping 3 kasauran mriyem ing Loji gedhe (benteng Vredeburg) rambah ping 13 tuwin sedaya gangsa Ingkang nunggil prajurit arahan ing Alun alun lor sedaya mungel kurmat 🎉🎉.
..... Amargi tulisan tasih panjang benjang kula angsur andum ing beranda tab komunitas 😁🙏.
00:12 Rawuhipun Kangjeng Tuwan Gupernur, Kangjeng Tuwan asisten residen sakancanipun.
00:37 Rawuhipun Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Suryadilaga (Kadipaten Pakualam).
01:12 Miyos Dalem ing Siti Hinggil Lor.
02:27 Jumenengan Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom.
02:38 Jumenengan Dalem Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan.
02:38 Papatih Dalem Danureja.
03:64 Pamedhar sabda Jumenengan.
03:39 Kundisi Kasugengan.
04:13 Kondur Dalem.
05:34 Kirab Dalem mubeng Beteng.
06:08 Alun alun Lor.
06:33 Foto2 Kirab.
Punika kapethik saking seratan kempalan cathetan saha panaliti Gusti Dara wiwit timur dumugi Kêpyakan Jumenengan Nata 1 Sura taun Dal 1871 utawi 10/02/1940 dening Bramono. dipun ayomi Stbl. No. 600 1912.
Saderengipun kula nyuwun pangaputen, nyuwun idin kaliyan Pak Bramono seratanipun kula andum wonten mriki, amargi sinerat boten kenging kapethik 🙏.
Kapustakan :
* Arsip Jumenengan Dalem 1940 Arsip BPAD DIY, ARSIP NASIONAL RI, dokumenter tvOne.
* Seratan kempalan cathetan saha panaliti dening Bramono.
* Situs web resmi Kraton Jogja.
* Gending Monggang gangsa Kangjeng Kyahi Guntur Laut, Channel resmi ‪@AdminKratonJogja‬
* Gending Gajah Hendra, Channel resmi Kraton Jogja.
* Gending Kodok Ngorek gangsa Kangjeng Kyahi Maesa Ganggang.
* Drel/Salvo Bregada Prajurit Kraton Jogja ing hajad dalem Garebag Mulud taun Dal 2017.
* Backsound tembakan Mriyem.
* Gending Ketawang Tawang Ganjur, SMKI Yogyakarta.
Menawi kathah kalepatnipun nyuwun pangaputen sarta nyuwun panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat,
Matur nuwun
Thanks for watching

Пікірлер: 18
@erwienjohanes6578
@erwienjohanes6578 4 ай бұрын
Dokumen bersejarah 👍👍👍 Syng tampilan tulisan terlalu cepat 🙏
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
🙏 nyuwun pangaputen, Dhe
@stefanussandi2879
@stefanussandi2879 4 ай бұрын
Yang menanyakan nama mars di menit 5:53-6:30 : Wellington March
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
Matur nuwun mas 🙏🏻
@ahchannel7065
@ahchannel7065 4 ай бұрын
Sultan Terkahir yang dilantik Belanda
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
Tepatnya yang punya kontrak politik dengan Belanda lewat serat kekancingan Gubernur Jendral Hindia Belanda.
@ahchannel7065
@ahchannel7065 4 ай бұрын
@@potretwayangku Masih menjadi Vasal nya Belanda, tidak berdaulat penuh
@bayudwiromadhon3222
@bayudwiromadhon3222 4 ай бұрын
Min di deskripsi bahasa krama nya dari daerah mana, sama persis dengan di daerah saya cirebon
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
Jogja, Mas kebetulan saya asli Jogja 🙏😁
@bayudwiromadhon3222
@bayudwiromadhon3222 4 ай бұрын
@@potretwayangku sama persis gak ada bedanya, mungkin orang tua zaman dulu dari ujung ke ujung pulau jawa pake bahasa krama yang sama, terimakasih info nya min semoga sehat selalu🙏
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
@@bayudwiromadhon3222 Sami-sami, Mas Matur nuwun sampun kersa pinarak 😁🙏
@yusufpertama5839
@yusufpertama5839 4 ай бұрын
Prapatan kamar bolah......istilah yang sudah jarang di pake.... mungkin generasi sekarang jarang ada yg tau letaknya dmana....😅😅😅
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
Iya, pak istilah era kuno 😁
@BamBang-yi4mn
@BamBang-yi4mn 4 ай бұрын
Kamar Bola terletak di gedung Seni Sono istana negara Yogyakarta berhadapan benteng Vredeburg ... koreksi kalau keliru ...😊
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
@@BamBang-yi4mn betul, Pak dulu tempat hiburan orang2 londo 😁👍👍
@undhagibangunindo
@undhagibangunindo 4 ай бұрын
Perempatan Kamar Bola sekarang jadi perempatan Kantor Pos
@bapakpurwantara7558
@bapakpurwantara7558 4 ай бұрын
Menunggu komen yg lucu😅
@potretwayangku
@potretwayangku 4 ай бұрын
waduh, napa wonten bagian sing lucu 🤔
Самое неинтересное видео
00:32
Miracle
Рет қаралды 2,6 МЛН
At the end of the video, deadpool did this #harleyquinn #deadpool3 #wolverin #shorts
00:15
Anastasyia Prichinina. Actress. Cosplayer.
Рет қаралды 19 МЛН
Fake watermelon by Secret Vlog
00:16
Secret Vlog
Рет қаралды 16 МЛН
Liputan TVRI Prosesi Pemakaman Sri Sultan Hamengkubuwono IX 1988
13:22
Potret Wayangku
Рет қаралды 14 М.
Hiroshima - the unknown images
52:01
La 2de Guerre Mondiale
Рет қаралды 11 МЛН
Sang Maestro KNS 01
7:01
Edy Listanto
Рет қаралды 55 М.
Science Fiction Writer Predicted The Future in 1982
12:09
David Hoffman
Рет қаралды 1,5 МЛН
What is the Kaaba?
18:38
ReligionForBreakfast
Рет қаралды 1,7 МЛН
when every frame in a film is perfect
10:54
PONDER
Рет қаралды 683 М.
Forty Rules of Love - Shams of Tabriz | Ellif Shafaq (Complete)
20:23
Shams of Tabrez
Рет қаралды 264 М.
Jenang Gula dan Le la Ledhung
19:36
Jayadipa News
Рет қаралды 586 М.