Рет қаралды 4,062
Judul: Ojo Lamis
Vocal: Oryza Widyasari
Ciptaan: Ki Nartosabdo
Pengiring: Karawitan Wargo Laras Yogyakarta
BOWO:
Yen kowe seneng lelewo
Adhakane seneng lamis
Becik aluwung prasojo
Mung welingku ojo lamis
Yen kowe seneng lamis
Gampang keno ing bebendu
Tumraping Sesrawungan
Mbok ojo sok seneng lamis
Seneng lamis podo karo dhemen cidro
.
LIRIK:
Ojo sok gampang
Janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan entuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidis
Akeh tulodho kang dhemen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji endi kang suci
Banjur biso mukti
Ojo sok gampang
Janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidis
Akeh tulodho kang dhemen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji endi kang suci
Banjur biso mukti