MC PENGAJIAN HALAL BI HALAL DALAM BAHASA JAWA

  Рет қаралды 32,723

KANG MAKIN

KANG MAKIN

7 жыл бұрын

Pengajian Halal bi Halal Desa Ringinkidul tahun 2017

Пікірлер: 47
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu, Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d. Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah; Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana; Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten : 1. Adicara angka sepisan Pambuka 2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ………. 3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk) 4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini). 5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…) 6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya). ===== Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken. ===== Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken. ===== Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis. Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga. ===== Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun. Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. ===== Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. ====== Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan. Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu. =====
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
Silahkan yg reques mc pengaosan bahasa Jawa, ini tak buatkan teksnya
@fitrihadiraris417
@fitrihadiraris417 2 ай бұрын
luar biasa...matursuwun..sampun diparingi teks lengkap.mugi2 pinaringan sehat lan panjang umur barokah..aamiin allohuumma aamiin
@KangMakin
@KangMakin 2 ай бұрын
@@fitrihadiraris417 Amin
@karebet270
@karebet270 Жыл бұрын
Mantap. Smg makin byk anak muda yg mau belajar bahasa krama
@user-if8xk2uz8j
@user-if8xk2uz8j 17 күн бұрын
Langkung SAE mboten ngangge Tembung Kito..mbak menawi priyantun mboten wonten mriku langkung SAE ngagem Tembung panjenengan mawon
@KangMakin
@KangMakin 17 күн бұрын
Sembah nuwun pitedahipun
@kusjember4081
@kusjember4081 2 жыл бұрын
Ini pranotocoro yang luar biasa. Ikut nyimak cara jadi pranotocoro
@apexsandy7729
@apexsandy7729 2 жыл бұрын
Subhanallah smoga kelak kita semua di satukan dengan barisan rassulllullah
@nursalimah9434
@nursalimah9434 Жыл бұрын
Hadir Arabsaudi masya Allah jazakallahu khairan hkatsyiran semoga bermanfaat untuk kita semua amiin sangat mendukung kegiatan anda luar biasa
@KartikaMutia-qg7fw
@KartikaMutia-qg7fw 6 ай бұрын
Sae ,saget kulo damel bibinahu, dipun tenggo kalian artosipun, supados waget mudeng,ugi saget menjiwai,salam saking magelang jateng,keren kang
@KangMakin
@KangMakin 6 ай бұрын
Njih suwun
@chuneng5919
@chuneng5919 2 жыл бұрын
Subhanalloh terima kasih ilmunya bermanfaat
@markevanz5528
@markevanz5528 2 жыл бұрын
Keren terimakasih ilmu nya
@liongamesstar5670
@liongamesstar5670 2 жыл бұрын
Sukses good channel the best
@santhycastrocanalartesania
@santhycastrocanalartesania 2 жыл бұрын
👋 boa tarde. Eu esto no seu canal. 😍🥰 Vo lhe segue👍👍você é um grande . Orador Saudações do BRASIL.
@KangMakin
@KangMakin 2 жыл бұрын
Obrigado meu amigo. meus melhores cumprimentos ao povo brasileiro
@santhycastrocanalartesania
@santhycastrocanalartesania 2 жыл бұрын
@@KangMakin OBRIGADA PELO CARINHO. FICO MUITO HONRADA 👍👍
@kamyabikarasta8441
@kamyabikarasta8441 Жыл бұрын
🌸🌸🌸🌸🌸🌸👍👌💐
@wilitumfikasari2274
@wilitumfikasari2274 2 жыл бұрын
makasih ilmunya👍
@mentaripagi0135
@mentaripagi0135 2 жыл бұрын
Terimakasih ilmunya
@puraskyline1932
@puraskyline1932 2 жыл бұрын
Luar biasa keren.
@batikminan7338
@batikminan7338 2 жыл бұрын
Jawanipun keren sanget kang ust... Kula kepingin niru nanging bahasanipun kathah ingkang mbten ngertos artosipun 🙏😁
@KangMakin
@KangMakin 2 жыл бұрын
Sami2 bebinahu
@batikminan7338
@batikminan7338 2 жыл бұрын
Pangapunten menawi angsal saran kang ust. Saran mawon,, menawi saged kalian di pun Paringi seratan artosipun ngagem BHS Indonesia ngoten wonten ing video menika..
@KangMakin
@KangMakin 2 жыл бұрын
Hehe.. oo njih..suwun pepimutipun
@gochannel8301
@gochannel8301 Жыл бұрын
Nderek nyatet njih..
@andy-is7bj
@andy-is7bj 2 жыл бұрын
Keren sih inii
@SalmanAli-bp3tm
@SalmanAli-bp3tm Жыл бұрын
bahasa daerah yg sudah mulai dilupakan
@imshoimjoella7497
@imshoimjoella7497 2 жыл бұрын
Mantep bahasa jawanya
@bidanmawar554
@bidanmawar554 2 жыл бұрын
Keren banget
@sulistyo7308
@sulistyo7308 2 жыл бұрын
Mantap....
@teguhrosadi4586
@teguhrosadi4586 2 жыл бұрын
Kang makin nderek pitepangan dalem teguh rosyadi kito wonosobo,mantep pambiwaraneng pengaosan👍👍👍
@KangMakin
@KangMakin 2 жыл бұрын
Suwun pak teguh 🙏
@bhrs13
@bhrs13 7 ай бұрын
28.936 boso sing alus
@sanjaya5167
@sanjaya5167 Жыл бұрын
Nuwun Ust Makin. nyuwun WA nipun angsal,damel sarana nyambut silaturahmi
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
Njih.. suwun
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
085290870403 Meniko wa kulo
@muchtaromduwet7688
@muchtaromduwet7688 3 жыл бұрын
Derek mengikuti mas...
@KangMakin
@KangMakin 3 жыл бұрын
Monggo
@supri_fitripijatdanbekam3548
@supri_fitripijatdanbekam3548 Жыл бұрын
Boleh minta no wa nya
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
Njih
@KangMakin
@KangMakin Жыл бұрын
085290870403
@keyshafiilillah7097
@keyshafiilillah7097 4 жыл бұрын
Bisa minta teksnya ?
@keyshafiilillah7097
@keyshafiilillah7097 3 жыл бұрын
@@KangMakin ok
@KangMakin
@KangMakin 2 жыл бұрын
Tunggu eposode berikutnya saya buatkan contoh teksnya
KH YUSUF AGUS SUSWANTO dari Kendal
1:19:33
NGAJI Asik
Рет қаралды 334 М.
CONTOH MC BAHASA JAWA ACARA HALAL BI HALAL TINGKAT RT
7:59
Ariel Haq
Рет қаралды 13 М.
Wait for the last one! 👀
00:28
Josh Horton
Рет қаралды 116 МЛН
Must-have gadget for every toilet! 🤩 #gadget
00:27
GiGaZoom
Рет қаралды 11 МЛН
small vs big hoop #tiktok
00:12
Анастасия Тарасова
Рет қаралды 23 МЛН
Неприятная Встреча На Мосту - Полярная звезда #shorts
00:59
Полярная звезда - Kuzey Yıldızı
Рет қаралды 7 МЛН
MC. MANTEN MUDA BErSUARA MANTAP BERBAHASA  JAWA ALUS
23:47
ZVS MULTIMEDIA
Рет қаралды 89 М.
#LIVERECORD ANGGER SUKESNA II SARASEHAN PRANATA CARA
1:52:26
One vision cinema
Рет қаралды 149 М.
HALAL BIHALAL DAN ILMU SALAH | Pengajian Lucu KH Duri Ashari
52:57
MSJ Media
Рет қаралды 3,7 МЛН
SAMBUTAN PANITIA PENYELENGGARA PENGAJIAN DALAM BAHASA JAWA
8:11
PRANATACARA DASAR KMMI | BAHASA-SASTRANYA PANATACARA
17:46
BAHASA JAWA UNNES
Рет қаралды 17 М.
Live - Majelis Ta'lim Azzahra | " Halal Bi Halal itu Apa? " | Rimbo Panjang, Riau
57:03
Ustadz Abdul Somad Official
Рет қаралды 592 М.
Wait for the last one! 👀
00:28
Josh Horton
Рет қаралды 116 МЛН