Рет қаралды 210
Judul lagu: Ojo Lamis
Pencipta: Ki Narto Sabdo
Lirik lagu:
Pa: Ojo sok gampang janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Pi: Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni tukule jamur
Ing mongso ketigo
Pa: Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Pi: Akeh tulodho wong demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung biso mukti
Pa: Ojo sok gampang janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Pi: Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni tukule jamur
Ing mongso ketigo
Pa: Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Pi: Akeh tulodho wong demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung biso mukti