Рет қаралды 1,741
Inspirasi film UNBAEDAH (tilik 2)
Ing sawijining desa, ana ibu-ibu sing dikenal tukang nyolong lan tukang ngutang jenenge bu Bejo. Bu Bejo iku bojone pak Bejo sing dikenal karo lambe criwis e. Ing sawijining dina, ana kabar pengajian, banjur panitia padha ngedumne browsur pengajian menyang ibu-ibu. Bu Bejo nduweni rencana licik pas pengajian dilekasi. Dheweke arep nyolong berkat nanging Ririn lan Wati ora sengaja eruh Bu Bejo nyolong berkat. Ririn lan Wati banjur ngageti bu Bejo, nanging Bu Bejo kasil iso nutup lambene Ririn lan Wati nganggo berkat kui maeng. Pas mulih pengajian, Bu Sri,Bu Lasmi lan Bu yati ora sengaja ngonangi bu Bejo nggawa berkat double. Ananging Bu Bejo kasil iso nutupi alesan e amarga bojone lembur. Pas Bu Bejo jagongan karo ibu-ibu, Bagas, Bagus, lan Farel dolanan mercon ing cedhek e ibu-ibu. Banjur Bu Bejo madoni bocah-bocah kui maeng. Pas dikon mulih, Bagus konangan ya nggawa berkat, ibu-ibu banjur pada senggol-senggolan ngrasani bu Bejo. Sesuk e, ana kabar yen mbak Tutik, ibune Dewi ninggal, para warga banjur padha ngelayat menyang omah e dewi. Sakwise 7 dino, ibu-ibu ngenekne kirim do'a ing omahe Dewi. Para ibu-ibu padha ngrencanakake rewang ing omahe Dewi. Dheweke padha arep budhal dhisik menyang omahe Dewi. Bu bejo nyusul rewang ing omahe Dewi, nanging Bu Bejo rewang alih-alih ben iso oleh berkat double. Pas arep mulih, Bu Asih urung kebagian berkat, nanging berkat e wis ora ana rupane. Bu Asih lan Dewi curiga yen berkat e dicolong Bu Bejo. Para Ibu-ibu ndue inisiatif ngeden-den i bu bejo ben dhewek e kapok nyolong berkat maneh. Sesuk e, Bu Bejo dijak mampir menyang omah e bu Asih. Dheweke cerita yen dheweke kepekso nyolong amarga ekonomine susah, bojone ora tau ngekek i dhuwit menyang bu Bejo. Banjur bu Bejo diceramahi menyeng Bu Asih. Bu Bejo sadar yen kelakuan e kui marai warga-warga jengkel. Bu Bejo janji bakal mandhek nyolong berkat.
Cerita lengkape ana ing video.
Terimakasih Kepada Tuhan Yang Maha Esa.
Guru pembimbing Ibu Meilia Prima Anggar K. S, Pd
Dan seluruh kru yang terlibat dalam proses pembuatan film ini
Maturnuwun.