Рет қаралды 116
Judul lagu: Langgam Meh Rahino
Pencipta: Ki Narto Sabdo
Lirik lagu:
Pa: Wus meh rahino
Sumirat bang ing wetan prenahe
Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Pi: Amanggul pacul nggaru luku hanggerek kebone
Andelidir, anglur selur datan ono pedhote
Pa: Gliyak gliyak anggliyak tansah rame ing gawe
Sesambene tetembangan
Laras lelagone, laras lelagone
Pi: Mungguh pedahe wanci ngundhuh tikel pametune
Subur makmur murah sandang pangan wekasane
Pi: Wus meh rahino
Sumirat bang ing wetan prenahe
Poro tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Pa: Amanggul pacul nggaru luku hanggerek kebone
Andelidir, anglur selur datan ono pedhote
Pi: Gliyak gliyak anggliyak tansah rame ing gawe
Sesambene tetembangan
Laras lelagone, laras lelagone
Pa: Mungguh pedahe wanci ngundhuh tikel pametune
Subur makmur anglur selur datan ono pedhote